Diskusi Dalam Bahasa Jawa

DISKUSI
TEMA : AKIBAT SINETRON MARANG PELAJAR LAN REMAJA 

PENDAHULUAN
Akhir-akhir iki, ing saben-saben stasiun televisi pada disiarake film remaja. Utawi kang biasa disebut sinetron. Akehe sinetron kuwi, pada narik remaja zaman saiki kaya pelajar, ningali televisi sing nyiarake tinimbang nonton ludruk lan sak liyane.
Ing akeh-akehe sinetron seng disiarake kuwi, ngasta cerita utawi kedadeyan-kedadeyan ingkang ora nyata ing kahuripan, utawi digawe-gawe. Tuladhane ngasta cerita kisah asmara para remaja, kisah persahabatan lan sak liyane. Kemajuan, perkembangane lan moderenisasine sinetron didukung kalian kemajuan lan perkembangan saking IPTEK lan derese arus Globalisasi. Sing ndadekake bisa ngaruhaken tata krama ingkang kurang becik kangge remaja-remaja utawi pelajar-pelajar Indonesia.
Menawi, arus globalisasi kuwi ngasta perilaku lan tata kramane saking remaja barat lan artis-artis barat. Sinetron kuwi agawe remaja-remaja lan pelajar-pelajar zaman saiki dadi angan-angan kedadeyan kang sing sak temeni durung kedadeyan. Amarga iku, kita sedaya menehi gambaran saka perilakune akeh-akehe remaja lan pelajar secara umum sing dipunwakili kalian artikel kita sedaya.
PERMASALAHAN
Sak wise kita jelasaken topik sing bakalan kita bahas yaitu mengenai akibate sinetron marang para pelajar kaya kita-kita niki.
Permasalahan sing kita bahas yaiku :
  • Kaya punapa sinetron-sinetron sing tayang ing TV sak niki?
  • Kapan sinetron biasane tayang?
  • Apa sebabe sinetron disenengi remaja kaya pelajar?
  • Apa bae faktor-faktor sing mendukung perkembangane sinetron?
  • Apa akibat sinetron marang remaja kaya pelajar sing ningali?
  • Kepriye cara ngatasi pelajar sing demen ningali sinetron?
  • Apa bae sing bakal diupayake wong tuwa kangge mbatesi sinetron sing ditingali putrane?
PEMBAHASAN
Sampun kita rinci munapa mawon sing bakal kita bahas, sak niki kita bahas tentang masalah niku mau :
1) Sinetron sing tayang saben dinten biasanipun nyritakaken tema asmara sing ora pantes lan dereng wektune ditingali kaleh para remaja. Sinetron nampilaken adegan ingkang ora pantes ditiruake. Tuladhane : rangkul-rangkulan, cekelang tangan lan liyan-liyane. Sinetron saged dados para pelajar berkhayal.
2) Sinetron sing tayang saben dinten biasane tayang ing antarane wektu sore lan wengi. Sore lan bengi yaiku wektu sing digawe para pelajar kangge sinau sekolah amarga isuk sekolah. Berarti, kalau pelajar demen ningali sinetron, pelajar niku mboten nggadah wektu kangge sinau.
3) Sinetron disenengi pelajar amarga kathah-kathahipun pemain sinetron taseh remaja lan ceritanipun seru lan mlaku ing zaman sak niki ing zaman modern.
4) Faktor sing mendukung perkembangane sinetron biasane tekan majune IPTEK lan derese arus globalisasi. Tuladhane majune kamera sing kanggone mendhet gambar adegan.
5) Akibate sinetron kangge para pelajar yaiku :
- Biasane para remaja terutama pelajar niruake adegan sing dideleng marang sinetron.
- Para pelajar biasane dadi males kangge sinau.
- Tugas sekolah biasane ora dikerjaaken.
- Para pelajar pada seneng berkhayal, kepingin dadi kaya ing sinetron.
- Wicarane para pelajar niku niruaken wicara para pemain sinetron sing biasane kurang apik.
- Lan saiki padha usume gombalan.
6) Cara kangge ngatasi pelajar sing demen ningali sinetron yaiku :
- Perlune pengawasan saking wong tuwa.
- Kudu batasaken wektu ningali sinetron.
- Nambah kegiatan sing dadeaken wektu para remaja lebih bermanfaat tinimbang ningali sinetron.
- Kudu ngutamaken wektu kangge sinau.
7) Menurut kita sedaya, sing bakal diupayaken wong tua kangge mbatasi sinetron sing ditingali putranipun yaiku :
- Wong tuwa biasane nambahaken kegiatan marang putrane.
- Tuladhane : Nglebethaken putrane marang lembaga bimbingan belajar.
- Mbatasi wayah ningali sinetron biasane sedinten setunggal utawi kale jam kangge ningali sinetron.
- Nambahaken wayah belajar kangge putrane ing griya.
KESIMPULAN
Kesimpulan marang diskusi kita sedaya mengenai akibat sinetron marang pelajar lan remaja yaiku biasane para remaja terutama pelajar niruake adegan sing dideleng marang sinetron, para pelajar biasane dadi males kangge sinau, tugas sekolah biasane ora dikerjaaken, para pelajar pada seneng berkhayal, kepingin dadi kaya ing sinetron, wicarane para pelajar niku niruaken wicara para pemain sinetron sing biasane kurang apik, lan saiki padha usume gombalan. Lamun, hal niku mboten kedadeyan yen mboten wonten penyebab hal niku. Lan menurut kita sedaya penyebabe yaiku amarga majune IPTEK lan derese arus globalisasi. Kita bisa ngurangi utawi mboten kena marang akibat negatif sinetron yaitu dengan ngatur jam sinau lan ngisi waktu luang kangge hal sing bermanfaat lan wonten pengawasen saking wong tuwa.

No comments:

Post a Comment